Selasa, 19 Februari 2013

puisi jowo

CONTOH GEGURITAN BAHASA JAWA

Bagi yang bingung bikin geguritan, copy paste ini aja deh.


RON GARING

Wengi sansaya atis
nalika aku sesingidan ing sajroning swara gamelan
kang digawa dening angin

prasasat tan kendhat
anggonku kulak warta adol prungu
ananging isih mamring

aku wis pingin cecaketan
obormu kang makantar-kantar
madhangi jangkah lan jagatku

ana ngendi papanmu
lelana tapa brata
tanpa pawarta tanpa swara

aku kadya ron garing
kumleyang kabur kanginan
ing jagat peteng lelimengan

krasa luwih abot
anggonku ngadhepi dina-dina ing ngarep
mlakuku ora mantep

kagubet ribet lan ruwet
adoh saka cahyamu
pedhut ing sakindering pandulu

panjenengan
guruku, sihku, oborku

kancanana sukmaku sinau bab katresnan sajroning ati.
Kapethik saka : Buku Ngeluri Bahasa Jawa kelas 4SD
GENDERA
Nalika teka mangsa kalane
Gendera enggal-enggal dakkibarne
Mlebet ing pucuke mega-mega
Ana rasa mongkok njeroning dhadha
Ananging, ahh ...
Ya gene codhot-codhot kuwi
Pada lelawa bebungan tanpa duga
Kadadak ana mendhung tanpa sangkan
Batinku surak mawarah : hore ! hore !
Nggegadhang mendhung bisa dadi udan
Kanggo ngresiki genderaku kang jibrat kotoran
Nanging, ahh ...
Jebul malah luntur warnane
Mblawus lencu guwayane
Kapethik saka : Buku Ngeluri Bahasa Jawa kelas 4SD
Babad Wedhi Pasisir

Sorene sore jingga
wengine wengi biru
kembang pandhan mesem marang mbulan
tangane ngawe-awe sajak kemayu
apa hiya iki dayane layang atimu
sing jare bakal ditulis kalane ijen
lan sendhang mung amping-ampingann jendhela
sing wengi iki isih panggah binuka?

biyen aku nate apal gojegmu
kepiye nalika bingung ndhedher sagegem guritan
ing lemah suwung pinggire taman
ora ketang mbalang liring sambi mungkur
nyamudana wingkis sakehing kekarepan
nutup kudhuping kekembangan

iki babad wedhi pasir
pinaes ganda aruming mawar
rarasing riris dhadha kumesar
Kapethik saka : Buku Ngeluri Bahasa Jawa kelas 4SD
Crita Saka Manca

ing papan sarwa salju, aku
ngangen-angen lawang gubug binuka
ana bedhiyang lan lincak

nanging wis kebacut dadi salju
guritan apadene kekarepan
nglinthing bareng tumiyupe angin
nunjem-nunjem dom periih
sadawane wengi

kangmangka ing ngisor salju pinendhem candhi
sing durung kober kababar unine prasasti
 Kapethik saka : Buku Ngeluri Bahasa Jawa kelas 4SD
Daun Kering
malam kian dingin
ketika aku sembunyi di dalam suara gamelan
yang di bawa oleh angin

seperti tak putus
aku mencari berita
namun masih sepi

ku ingin dekat
obormu yang menyala-nyala
terangi langkah dan duniaku

di mana adamu
mengembara bertapa
tanpa berita tanpa suara

ku laksana daun kering
melayang diterbangkan angin
di ruang gelap gulita

terasa kian berat
hadapi hari-hari di depan
berjalanku tak lagi tegap

terselubung riuh dan ruwet
jauh dari cahayamu
kabut di seputaran pandangan

engkaulah
guruku, kekasihku, oborku
temanilah jiwaku belajar tentang cinta di dalam hati

Kapethik saka : Buku Ngeluri Bahasa Jawa kelas 4SD
Rerenteng Aluring Pepundhen
Sunare srengenge esuk ngusap praupane bumi rengka
Tlatah kapang kang gumawang ing pangangen sepi
Nyawuk bumi-bumi esuk tengahing lembayung labuh
Kumriciking banyu kali Grindulu kang ngranuhi
Dadi tlatah srumbung isih tinunggon pangarep-arep
Wijiling paseksen kang ngantu-antu kaendahan
Ing netra bening esem ngandhut panyuwun
Sedya nuntumake kasetyan kang pinarsudi
Mung eman sasuwenbe sesandhingan tan linair
Kang sinartan lungiting pangarep-arep
Obahing jantra ginawa angin ngulandara
Pangesthine ana pawitan ngupakara dalan lawas
Engga alam ngrayuk sunar srengenge esuk
Pecak jumangkah ngitapak.e rasa rudatin
Kang gimantha amung mekaring panggarjita
Ing kana bakal cinathet ubeng ingering lalakon
Kapethik saka : Jaya Baya edisi 22 tahun 2012
Suwung
Manuk emprit ilang swiwine
hamung menclok dhuwur wuwung
kang suwung
walang kayu jempalitan
ngerik ora karuwan
sajak ngece, sajak ngundhamana
“ sokur kowe, ora iso miber adoh,
nyepi panjangka, ilang dirgantara “
manuk emprit hamung meneng
klep ! klakep ........ ati nangis wutah miris
eluh kececeran nangis sesenggukan
nek emprit kelangan swiwi
ora isa miber, kelangan jagat dirgantarane
isane hamung menclok dhuwur wuwung
ndhepipis,ngenteni izrail,
sing bisa wae awujud tikus, apa kucing .......
walang kayu jempalitan, ngerik ora karuwan,
sajak ngece, sajak ngundhamana  “ sokur kowe, ora isa miberadoh,
nyepi panjangka, ilang dirgantara “
Kapethik saka : Jaya Baya edisi 22 tahun 2012
Ing Teluk Pang-Pang
Nawala ing dak tampa
Patang dina kepungkur
Isih wutuh tansah dak waca
Hanggawa rasa kingkin, Ing mangsa rendheng katelu
Ngepasi kartika ngancik patbelas dina
Silramu tak anti-anti ana ing pinggiran Gisik pang-pang kene
Rasaku wis memet
Nggremet-nggremet
Teka ing pikir kang amet
Tansah nunggu
Sliramu bali, masiya hamung sak kedhepe netra Dhiajeng
Mbok menawa sliramu pancen nduweni rasa kang padha
Karo rasa ing pangrasaku,
Mula, jeng .....Tak titipake kangen iki Marang gegulunge ombak
Sing tansah setya tuhu marang mangsa
Sing sok geseh, gusuh sing wola-wali iki
Hamung siji panyuwunku
Muga sliramu tansah rahayu memuji gusti
Lan pinayung sih kanugrahaning pangeran
Sesuk tak tunggu sliramu inggisik pang-pangiki
Kapethik saka : Jaya Baya edisi 22 tahun 2012
Cyberpunk
Ing grumbulan pring
Guritku netes
Dadi prenjak kang silih semaur
Mawerna rupa Lucifer manjing ing regol
Cacing lan tilas sejarah
Guritku .....
Nalika april nyedhak sumur
Nimba ayang-ayang lan ilmu
Gunung mungkur, genah lungkah panyawangmu
Aja ninggal pitakonmu ing lawang
Awit Jibril wis budhal
Awit gunemmu mung nglairake siyung-siyung vampir
Kapethik saka : Jaya Baya edisi 22 tahun 2012
Janji Sepi
dawane rel sepur liwat tengah alas sawah apadene kutha
prasasat isih dawa janjimu
kang nggawa daya sumringah ing sajroning laku
nlusup ing balung sungsum
angin melu nggoleki playune rasa kang sliramu gawa
netramu yen lagi nyawang jagad
agawe donya njomplang kadya katrajang gara-gara
ora kuwat nyangga bumi
ora kuwat ngreksa budi
angin isih nggoleki aburing kupu
mangsa rendheng udane nggrejih
nanging kali durung akeh banyune
rasa aneh kaya kang wis nate daksasakke
ngebaki guwa pertapan asri
kekidungan dhewe tan kena dipenggak
kadya lali purwa duksina
angin njajah desa milang kori marsudi janjimu wingi
Kapethik saka : Jaya Baya edisi 22 tahun 2012
Bethara Kala
dening: Sunardi K S
kama kang nglambrang nalika isih jenaka
saiki ndedel gedhe dadi bethara kala
uluk uluk jroning dadha winga winga
tanpa suwara
kang katon wicaksana kae jalaran
kokruket pinangka kanca
kang pinilih pinercaya
ngembani panguwasa
wisa rasa gula
kama kang nglambrang saparan paran
dadi memala nuwuhake pageblug
ndedel mendhuwur comondhok dhada
keklambrangan sirah
mlebu metu mripat, irung saha kuping
ngawe awe nglancipake kuku
kama kang nglambrang saparan paran
ndedel dadi bethara kala
ang dadi memangsane
ora ateges diklethak saraga balunge


Kapethik saka : majalah BENDE No. 39
Mamring
dening: Budhi S
sepi mamring
sempah sumpeg peteng
kesel, ah embuh
ora weruh ngerti bisu
nangis sajroning ngguyu
ngguyu sajroning nangis
mlaku sajroning mandheg
mandheg sajroning mlaku
          Kapethik saka : Majalah SUKMA ISLAM No. 3
 
Dalan Ombak
dening:  Hanif A
wus dakjaluk marang sliramu, tatkalane wektu isih watu
lan dalan kaya ombak segara
kaya prenjak kang katombal swiwine, ilang unine
kaya lemah cengkar kang tawar, ilang sangar
sliramu uga isih lumaku ing gisik kang wus dadi ambalan
ngambali ati ing pangilon, ngambali pitakon
lan penjalukku, kanthi unthuk unthuk kang sirna
tatkalane surya mencorong, pratanda dina wus rina
Kapethik Saka : Majalah SUKMA ISLAM No. 2
Udan Wayah Sore
dening: Hanif A.
udan riwis riwis nggawa angin gumanti
ora kaya nalika kang kawuri sing kebak pangarep-arep
dikaya lemah wus kebanjur teles
sesuk esuk yen sang surya wiwit sumunar
lan manuk kepodang colat colot ana wit gedang
tak tunggu tekomu ing sak ngisore payung
tak kanthi lakumu tumeka ngendi
mbokmenawa sesuk sore wus ora udan riwis-riwis
marakake gawe kekesing ati
manuk kepodang wus mabur mangulon
nanging tetep tak tunggu tekamu

Kapethik Saka : majalah SUKMA ISLAM No. 1
Sedyaku
dening: Sunardi K S
wis, jeng…
aku sumeleh
nyelehake pangarep-arepku
marang katresnan lan kawigatenmu sing semu
yen nyatane among semene
cuthele lelakonku…
pepenginku tansah sumandhing
lan nresnani sliramu
kudu dakprunggel
sing luwih wigati