CONTOH GEGURITAN BAHASA JAWA
RON
GARING
Wengi
sansaya atis
nalika aku sesingidan ing sajroning swara gamelan
kang digawa dening angin
prasasat tan kendhat
anggonku kulak warta adol prungu
ananging isih mamring
aku wis pingin cecaketan
obormu kang makantar-kantar
madhangi jangkah lan jagatku
ana ngendi papanmu
lelana tapa brata
tanpa pawarta tanpa swara
aku kadya ron garing
kumleyang kabur kanginan
ing jagat peteng lelimengan
krasa luwih abot
anggonku ngadhepi dina-dina ing ngarep
mlakuku ora mantep
kagubet ribet lan ruwet
adoh saka cahyamu
pedhut ing sakindering pandulu
panjenengan
guruku, sihku, oborku
kancanana sukmaku sinau bab katresnan sajroning ati.
nalika aku sesingidan ing sajroning swara gamelan
kang digawa dening angin
prasasat tan kendhat
anggonku kulak warta adol prungu
ananging isih mamring
aku wis pingin cecaketan
obormu kang makantar-kantar
madhangi jangkah lan jagatku
ana ngendi papanmu
lelana tapa brata
tanpa pawarta tanpa swara
aku kadya ron garing
kumleyang kabur kanginan
ing jagat peteng lelimengan
krasa luwih abot
anggonku ngadhepi dina-dina ing ngarep
mlakuku ora mantep
kagubet ribet lan ruwet
adoh saka cahyamu
pedhut ing sakindering pandulu
panjenengan
guruku, sihku, oborku
kancanana sukmaku sinau bab katresnan sajroning ati.
Kapethik saka : Buku Ngeluri
Bahasa Jawa kelas 4SD
GENDERA
Nalika
teka mangsa kalane
Gendera
enggal-enggal dakkibarne
Mlebet
ing pucuke mega-mega
Ana
rasa mongkok njeroning dhadha
Ananging,
ahh ...
Ya gene
codhot-codhot kuwi
Pada
lelawa bebungan tanpa duga
Kadadak
ana mendhung tanpa sangkan
Batinku
surak mawarah : hore ! hore !
Nggegadhang
mendhung bisa dadi udan
Kanggo ngresiki
genderaku kang jibrat kotoran
Nanging,
ahh ...
Jebul
malah luntur warnane
Mblawus
lencu guwayane
Kapethik saka : Buku Ngeluri
Bahasa Jawa kelas 4SD
Babad Wedhi Pasisir
Sorene
sore jingga
wengine wengi biru
kembang pandhan mesem marang mbulan
tangane ngawe-awe sajak kemayu
apa hiya iki dayane layang atimu
sing jare bakal ditulis kalane ijen
lan sendhang mung amping-ampingann jendhela
sing wengi iki isih panggah binuka?
biyen aku nate apal gojegmu
kepiye nalika bingung ndhedher sagegem guritan
ing lemah suwung pinggire taman
ora ketang mbalang liring sambi mungkur
nyamudana wingkis sakehing kekarepan
nutup kudhuping kekembangan
iki babad wedhi pasir
pinaes ganda aruming mawar
rarasing riris dhadha kumesar
wengine wengi biru
kembang pandhan mesem marang mbulan
tangane ngawe-awe sajak kemayu
apa hiya iki dayane layang atimu
sing jare bakal ditulis kalane ijen
lan sendhang mung amping-ampingann jendhela
sing wengi iki isih panggah binuka?
biyen aku nate apal gojegmu
kepiye nalika bingung ndhedher sagegem guritan
ing lemah suwung pinggire taman
ora ketang mbalang liring sambi mungkur
nyamudana wingkis sakehing kekarepan
nutup kudhuping kekembangan
iki babad wedhi pasir
pinaes ganda aruming mawar
rarasing riris dhadha kumesar
Kapethik saka : Buku Ngeluri
Bahasa Jawa kelas 4SD
Crita Saka Manca
ing papan sarwa salju, aku
ngangen-angen lawang gubug binuka
ana bedhiyang lan lincak
nanging wis kebacut dadi salju
guritan apadene kekarepan
nglinthing bareng tumiyupe angin
nunjem-nunjem dom periih
sadawane wengi
kangmangka ing ngisor salju pinendhem candhi
sing durung kober kababar unine prasasti
ing papan sarwa salju, aku
ngangen-angen lawang gubug binuka
ana bedhiyang lan lincak
nanging wis kebacut dadi salju
guritan apadene kekarepan
nglinthing bareng tumiyupe angin
nunjem-nunjem dom periih
sadawane wengi
kangmangka ing ngisor salju pinendhem candhi
sing durung kober kababar unine prasasti
Kapethik saka : Buku Ngeluri
Bahasa Jawa kelas 4SD
Daun Kering
malam kian dinginketika aku sembunyi di dalam suara gamelan
yang di bawa oleh angin
seperti tak putus
aku mencari berita
namun masih sepi
ku ingin dekat
obormu yang menyala-nyala
terangi langkah dan duniaku
di mana adamu
mengembara bertapa
tanpa berita tanpa suara
ku laksana daun kering
melayang diterbangkan angin
di ruang gelap gulita
terasa kian berat
hadapi hari-hari di depan
berjalanku tak lagi tegap
terselubung riuh dan ruwet
jauh dari cahayamu
kabut di seputaran pandangan
engkaulah
guruku, kekasihku, oborku
temanilah jiwaku belajar tentang cinta di dalam hati
Kapethik saka : Buku Ngeluri
Bahasa Jawa kelas 4SD
Rerenteng Aluring Pepundhen
Sunare srengenge
esuk ngusap praupane bumi rengka
Tlatah kapang
kang gumawang ing pangangen sepi
Nyawuk bumi-bumi
esuk tengahing lembayung labuh
Kumriciking
banyu kali Grindulu kang ngranuhi
Dadi tlatah
srumbung isih tinunggon pangarep-arep
Wijiling
paseksen kang ngantu-antu kaendahan
Ing netra bening
esem ngandhut panyuwun
Sedya nuntumake
kasetyan kang pinarsudi
Mung eman
sasuwenbe sesandhingan tan linair
Kang sinartan
lungiting pangarep-arep
Obahing jantra
ginawa angin ngulandara
Pangesthine ana
pawitan ngupakara dalan lawas
Engga alam
ngrayuk sunar srengenge esuk
Pecak jumangkah
ngitapak.e rasa rudatin
Kang gimantha
amung mekaring panggarjita
Ing kana bakal
cinathet ubeng ingering lalakon
Kapethik saka : Jaya Baya
edisi 22 tahun 2012
Suwung
Manuk emprit
ilang swiwine
hamung menclok
dhuwur wuwung
kang suwung
walang kayu
jempalitan
ngerik ora
karuwan
sajak ngece,
sajak ngundhamana
“ sokur kowe,
ora iso miber adoh,
nyepi panjangka,
ilang dirgantara “
manuk emprit
hamung meneng
klep ! klakep
........ ati
nangis wutah miris
eluh kececeran nangis sesenggukan
nek emprit
kelangan swiwi
ora isa miber,
kelangan jagat dirgantarane
isane hamung
menclok dhuwur wuwung
ndhepipis,ngenteni
izrail,
sing bisa wae
awujud tikus, apa kucing .......
walang kayu
jempalitan, ngerik
ora karuwan,
sajak ngece,
sajak ngundhamana “ sokur kowe, ora isa
miberadoh,
nyepi panjangka,
ilang dirgantara “
Kapethik saka : Jaya Baya
edisi 22 tahun 2012
Ing Teluk Pang-Pang
Nawala ing dak
tampa
Patang dina
kepungkur
Isih wutuh
tansah dak waca
Hanggawa rasa
kingkin, Ing
mangsa rendheng katelu
Ngepasi kartika
ngancik patbelas dina
Silramu tak
anti-anti ana ing pinggiran
Gisik
pang-pang kene
Rasaku wis memet
Nggremet-nggremet
Teka
ing pikir kang amet
Tansah
nunggu
Sliramu
bali, masiya hamung sak kedhepe netra Dhiajeng
Mbok
menawa sliramu pancen nduweni rasa kang padha
Karo
rasa ing pangrasaku,
Mula,
jeng .....Tak titipake kangen iki
Marang
gegulunge ombak
Sing
tansah setya tuhu marang mangsa
Sing
sok geseh, gusuh sing wola-wali iki
Hamung
siji panyuwunku
Muga
sliramu tansah rahayu memuji gusti
Lan
pinayung sih kanugrahaning pangeran
Sesuk
tak tunggu sliramu inggisik pang-pangiki
Kapethik saka : Jaya Baya
edisi 22 tahun 2012
Cyberpunk
Ing grumbulan pring
Guritku netes
Dadi prenjak kang silih semaur
Mawerna rupa Lucifer manjing ing regol
Cacing lan tilas sejarah
Guritku .....
Nalika april nyedhak sumur
Nimba ayang-ayang lan ilmu
Gunung mungkur, genah lungkah
panyawangmu
Aja ninggal pitakonmu ing lawang
Awit Jibril wis budhal
Awit gunemmu mung nglairake
siyung-siyung vampir
Kapethik saka : Jaya Baya
edisi 22 tahun 2012
Janji Sepi
dawane
rel sepur liwat tengah alas sawah apadene kutha
prasasat
isih dawa janjimu
kang
nggawa daya sumringah ing sajroning laku
nlusup
ing balung sungsum
angin
melu nggoleki playune rasa kang sliramu gawa
netramu
yen lagi nyawang jagad
agawe
donya njomplang kadya katrajang gara-gara
ora
kuwat nyangga bumi
ora
kuwat ngreksa budi
angin
isih nggoleki aburing kupu
mangsa
rendheng udane nggrejih
nanging
kali durung akeh banyune
rasa
aneh kaya kang wis nate daksasakke
ngebaki
guwa pertapan asri
kekidungan
dhewe tan kena dipenggak
kadya
lali purwa duksina
angin
njajah desa milang kori marsudi janjimu wingi
Kapethik saka : Jaya Baya
edisi 22 tahun 2012
Bethara Kala
dening: Sunardi K S
kama kang nglambrang nalika isih jenaka
saiki ndedel gedhe dadi bethara kala
uluk uluk jroning dadha winga winga
tanpa suwara
kang katon wicaksana kae jalaran
kokruket pinangka kanca
kang pinilih pinercaya
ngembani panguwasa
wisa rasa gula
kama kang nglambrang saparan paran
dadi memala nuwuhake pageblug
ndedel mendhuwur comondhok dhada
keklambrangan sirah
mlebu metu mripat, irung saha kuping
ngawe awe nglancipake kuku
kama kang nglambrang saparan paran
ndedel dadi bethara kala
ang dadi memangsane
ora ateges diklethak saraga balunge
Kapethik saka : majalah
BENDE No. 39
Mamring
dening: Budhi S
sepi mamring
sempah sumpeg peteng
kesel, ah embuh
ora weruh ngerti bisu
nangis sajroning ngguyu
ngguyu sajroning nangis
mlaku sajroning mandheg
mandheg sajroning mlaku
Kapethik saka : Majalah SUKMA ISLAM No. 3
Dalan Ombak
dening: Hanif A
wus dakjaluk marang sliramu, tatkalane wektu isih watu
lan dalan kaya ombak segara
kaya prenjak kang katombal swiwine, ilang unine
kaya lemah cengkar kang tawar, ilang sangar
sliramu uga isih lumaku ing gisik kang wus dadi
ambalan
ngambali ati ing pangilon, ngambali pitakon
lan penjalukku, kanthi unthuk unthuk kang sirna
tatkalane surya mencorong, pratanda dina wus rina
Kapethik Saka : Majalah
SUKMA ISLAM No. 2
Udan Wayah Sore
dening: Hanif A.
udan riwis riwis nggawa angin gumanti
ora kaya nalika kang kawuri sing kebak pangarep-arep
dikaya lemah wus kebanjur teles
sesuk esuk yen sang surya wiwit sumunar
lan manuk kepodang colat colot ana wit gedang
tak tunggu tekomu ing sak ngisore payung
tak kanthi lakumu tumeka ngendi
mbokmenawa sesuk sore wus ora udan riwis-riwis
marakake gawe kekesing ati
manuk kepodang wus mabur mangulon
nanging tetep tak tunggu tekamu
Kapethik Saka : majalah
SUKMA ISLAM No. 1
Sedyaku
dening: Sunardi K S
wis, jeng…
aku sumeleh
nyelehake pangarep-arepku
marang katresnan lan kawigatenmu sing semu
yen nyatane among semene
cuthele lelakonku…
pepenginku tansah sumandhing
lan nresnani sliramu
kudu dakprunggel
sing luwih wigati